Blue Fire Pointer MARI BELAJAR: bahasa_jawa | Info Seputar Pengetahuan MARI BELAJAR: bahasa_jawa
Selamat datang di Website Mari Belajar dan dapatkan informasi-informasi mengenai dunia pembelajaran
animasi  bergerak gif
Tampilkan postingan dengan label bahasa_jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label bahasa_jawa. Tampilkan semua postingan

KISI-KISI PTS B. JAWA KELAS X SEMESTER GENAP TAHUN 2018



Kompetensi
Indikator
Macapat Sinom
-  Serat Wedhatama kuwi anggitane kanjeng gusti pangeran adipati arya sri mangkunegara IV
-  Guru gatra tembang Sinom cacahe ana 9
-  Cacahe wanda saben sagatra diarani guru wilangan
-  Wanda iku tegese suku kata
-  Watake tembang Sinom tresna asih,chanthas, trengginas
-  Cacahing gatra saben satembangan diarani guru gatra
-  Paugeran cacahing larik ana ing tembang saben sapadane diarani
-  Wewaton cacahing wanda saben sagatraning tembang diarani .....
-  Paugeran dhong-dhinging swara utawa sukon-wuloning swara ana ing saben wekasaning gatrane tembang diarani .....
-  Pathokan guru wilangan, guru lagu tembang Sinom 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
-  Maknane “ Wong Agung ing Ngeksiganda “ seko tokoh gedhe mataram
-  Maknane “ Amemangun karyenak tyas ing sasama “ mujudake perasaan seneng atine gawe sapadha insan kang urip
-  Serat Wedhatama kadadeyan saka tembung wedha lan tama. Wedha(kawruh/ajaran) lan tama(apik,dhuwur/luhur)
-  Serat Wedhatama digendhingake karawitan Condong Raos, sapa pimpinane ki nartosabdo
-  Waranggana iku asmane Nyi Candralukita. Tembung Nyi, tegese pesinden
-  “ Kuatnya bertapa diterimalah wahyu Dyatmika.” Wahyu Dyatmika tegese  (hidup yang sejati).
-  Tembang macapat sing cacahing gatra luwih akeh tinimbang tembang Sinom yaiku dhandanggula
-  Maknane “ Nuladha laku utama “  contohan perbuatan kang becik
-  Maknane “ Tumrape wong tanah Jawi “ gawe penduduk ing tanah jawi
-  Maknane “ Kepati amarsudi “ usaha gawe kasungghan atine
-  Maknane “ Sudaning hawa lan nepsu “gendapke hawa napsu
-  Maknane “ Pinesu tapa brata “ karo ngalkoni olah samadi
-  Maknane “ Tanapi ing siyang ratri “ mbokko awan lan wengi
-  Asmane Sultan Mataram I (kapisan) rikala isih timur (enom) Danang Sutawijaya

Crita wayang
- Wayang iku asale saka tembung Ma-Hyang kang dhuweni teges roh ingkang saged damel beja cilakanipun manungsa. 
- Sing nglakokake wayang diarani dalang
- Sing nyanyi ngiringi pagelaran wayang diarani sinden
- Sing nabuh gamelan ing pagelaran wayang Niyogo
- Penyanyi lanang sing ngiringi pagelaran wayang wira swara
- Reroncening kedadeyan sing dironce lan direngka sing mernani lakuning crita, diarani  plot/alur cerita
- Kalungguhane pengarang nang njroning crita. Ana sing nganggo paraga pisan/orang pertama lan paraga katelu/pelaku utama orang ketiga, diarani sudut pandang
- Sing ora kalebu punakawan yaiku
- Apa kang disedya bisa kena, ananging aja nganti agawe gendra/rebutan. Bebasane
- Wewatake wayang miturut wangune dhingkluk yaiku sabar, sareh, wicaksono lan waspodo.
- Wewatake wayang jinising satriya yaiku alus, luhur, sabar, luruh, dhemen tetulung, siyaga, wicaksono.
- Lelakon wayang dijupuk saka Kitab Suci Agama Hindu, yaiku saka kitab weda
- Nalika ngrungokake crita wayang kulit ing radio, saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan suluk lan janturan kang nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamireng isa ngreteni babagan latar
- Ing Crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut pamireng ngreti yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing crita kang diarani pesen/amanat
- Sanajan Punakawan iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani watak tokoh
- Sasuwene ngrungokake crita wayang ing radio utawa CD, nalika ngancik pathet sanga, satriya kang sesirih ana ing satengahe alas sabubare rampung mesthi bandayuda karo rata denawa (buta, umume Cakil lan wadyabalane), nanging pungkasane mesthi satriyane unggul ing jurit (menang). Pitutur kang kamot ing lelakon iku, yaiku wg kang bakal mulya gede pacobane
- Ing crita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandhawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandhawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandhawa isa ngasorake Kurawa kang cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandhawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa ikupangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandhawa iku menang ing yudha. Pitutur kang kamot sajroning crita iku yen diparibasakake, yaiku Rawe-rawe rantas malang-malang putung
- Ana ing crita wayang “ Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura “, sapa paraga utamane   Prabu Dhestarasta 
- Latar crita wayang “ Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura
- Putrane Prabu Pandu karo Dewi Kunti Yudhistira, Bima, lan Arjuna
- Putrane Prabu Pandu karo Dewi Madrim nakula lan sadewa
- Miturut tata aturan ing sajroning karaton, kang gumanti nata kudune putra jaler mbarep sang nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga ngrumangsani marang kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur kang becik, yaiku nglengana marang kekurangane
- Prabu Kresna, Prabu Sugriwa, Prabu Puntadewa, Prabu Rahwana ratu ing keraton dwarawati,guwakiskendha,amartha,ngalengka
- Kasatriyane Raden Arjuna(madukara), Raden Werkudara(jodhipati), Raden Gathotkaca(pringgodani)
- Satriya sing dadi Dutha diutus Prabu Ramawijaya menyang negara Alengka kanggo njaluk baline Dewi Shinta sing diculik Prabu Rahwana. anoman



Arsip

Back To Top